Tekun, Teken lan Tekan
TEKUN, TEKEN LAN TEKAN
Nek awakmu nduwe gegayuhan, harapan otowo cita-cita Kudu Tekun cekelan Teken supoyo biso Tekan...
TEKUN
Tekun niku teges'e berusaha terus menerus, Ora gampang sambat, ora gampang menyerah, Ono Kolomongsane nibo tangi ing kahanan, nanging ora banjur putus asa lan terus pasrah...
TEKEN
Cekelan teken yoiku biso ngadeg jejeg ing keyakinanmu, Percaya lan Ora gampang kintir marang ombak kang nerjang, Gusti ingkang ngakaryo jagad iku Sejati Sejatining teken...
TEKAN
Nek awakmu wis biso tekun cekelan teken, awakmu bakal tekan, opo sing dadi gegayuhan lan cita-citamu...
Nanging ngertio, sepiro apik'e kekarepanmu iku, isih luwih apik karepane Gusti marang awakmu...
Sekar Jayanti
Comments
Post a Comment