ROS ROSANING ROSO
ROS ROSANING ROSO
Sing jenenge Sinau utowo Ngangsu Kaweruh urip kuwi koyo dene nggawe sambel.
Kudu di Mangerteni bahan² sing di butuhne :
- Lombok (pedes)
- Tomat (kecut)
- Trasi (gurih)
- Uyah (asin)
- Gulo (legi)
- Micin (penyedap).
Lan kudu ngerti coro ugo prosese, sarto kudu biso ngrasakne Sedep lan orane yen wes dadi sambel (sambel jlantah, sambel trasi)
Semono ugo lakune urip manungso, asal mulane kudu di mangerteni :
- Asal usule urip (sangkan paraning dumadi)
- Jati dirine ( bakale urip)
- Dalan baline (wohing urip).
Naliko nglakoni urip kudu biso mangerteni yen Urip kuwi ono pahit, legi, asem, lan getire.
Proses lakuning urip sakabehane mau kudu biso di roso lan disyukuri, supoyo dadi nikmat.
Mangmulo manungso urip kuwi kudu Mangerteni ROS ROSANING ROSO, yoiku :
- Opo sing di sawang
- Opo sing di ngerungu, lan
- Opo sing di rasakne
Kabeh kuwi mau di olah kanti pikir sing resik lan ati sing bening, supoyo ketemu NALAR, lan ndadekne tumindak ugo Laku sing becik
Sekar Jayanti
Comments
Post a Comment