Kebijakkan Seorang Istri

PIYANTUN ESTRI KANG WICAKSONO
Dadi'o sosok sing lembut kalem, ojo nganti nggawe cemburune bojomu, layanono bojomu full loss seko atimu dandanono utowo macak seng ayu neng ngarep'e bojomu.

Gawenen nyaman'e pas awakmu ngobrol-ngobrol karo bojomu, Gawenen bojomu kroso ditresnani lan dibutuhke, Ojo terlalu mekso bojomu,kanggo nresnani awakmu, masio awakmu tresno ndekne tenanan...

Dadi wanito sing sederhana, sing nganggo busonon sing diatur dening Agomo lan adat ketimuran minimal sopan dudu sing di atur karo tatanan seng kurang prayogo.

PAIJEM : "Kang....!

PAIDI : "Emm..! Ngapa...?"

PAIJEM : "Aku sajane mesakne karo sampean...!"

PAIDI : "Lha ngapa..?"

PAIJEM : "Sampean saben dina mergawe mangkat isuk muleh sore...! Aku dadi wong wadon ngrasa sumelang karo kesehatanmu kang...!"

PAIDI : "Dik...! Sing perlu dimesakne iki awakmu, isih peteng nyiapne sarapan, gawekne wedang saben dina.
Ngumbahi telesan, gombalan, ngurusi omah, ngurusi bocah², isah², nyapu, ngono kuwi bendina.
Aku dadi wong lanang, ngrasa durung bisa gawe ayem tentreme uripmu. Liyane padha duweni pengganggo perhiasan, aku durung bisa nukokne awakmu dik...! 
Aku ngrasa gagal gawe bahagiane wong wadon...!"

PAIJEM : "Kang..! Wis rasah sampean terusne. Yen masalah gawean ning omah, Kabeh iku wis sepantese aku sing ngrampungne.
Aku iki mung golek'i Ridhamu kang...!"

PAIDI : "Matur nuwun yen ngono Dik..!"

PAIJEM : "Sing tak wedeni mung siji kang..!"

PAIDI : "Apa...!"

PAIJEM : "Aku ora nemu ridhane Gusti, jalaran aku ora oleh Ridhamu...!"

PAIDI : "Dik...! Aku wis Ridha karo pengabdianmu marang awakku. Mugi dadi amal apikmu..!"

PAIJEM : "Matur nuwun kang...! Masalahe apik'e kaya ngapa ngibadahe wong wadon marang Gusti, yen ora oleh Ridhane wong lanang. Ora ana artine..."

PAIDI : "Ya mugi-mugi Gusti maringi Ridha uga Barokah marang lakon iki dik...!"

PAIJEM :"Aamiin... Kang bocah2 wis bobok ayo ngrampungne gawean omah sing kurang siji"

PAIDI : "SIAAPP!!!"

Sekar Jayanti

Comments

Popular posts from this blog

Sing Teteg ojo Ndredeg

Poligami dan Monogami

Valentino Rossi