DADIO AYU SING ORA KEMAYU

DADIO AYU SING ORA KEMAYU
Ora kudu kemayu supoyo dianggep ayu, Mergo paham sak ayu-ayune rupo, angger sopo wong lanang duwe duit biso nuku wong wedok sing luwih ayu. 

Pancen kabeh wong lanang iku seneng karo wong wedok sing rupane ayu, Nanging sampean ojo kleru, jimat'e wong wedok ora ning ayune rupo, Jimate wong wedok ono ing pinter gawe nyaman lan tentreme atine wong lanang.

Dadio wong wedok sing ora gampang GRan (Gegeden Rumongso) nalikone di uber karo wong lanang, Sebab ora kabeh wong lanang nduwe niat arep tenanan, Akeh sing modale mung gombalan lan modus-modusan,wong wedok mung kanggo dolanan lan pelampiasan.

Sing ati-ati lan waspodo, jogo ati supoyo ora cidro
Ojo wani-wani ngrebut bojone konco, tonggo lan bolo, mengko Uripmu bakal ciloko, soro lan ketulo-tulo.

Sekar Jayanti 

Comments

Popular posts from this blog

Sing Teteg ojo Ndredeg

Poligami dan Monogami

Valentino Rossi