Kuncung Ireng Pancal Putih
Kuncung Ireng Pancal Putih
Suwarga durung weruh
Neraka durung wanuh
Mung donya sing ku weruh
Urip aja duwe mungsuh
Ribang bumi ribang nyawa,
Ana becik ana cilaka
Ana urip ana mati
Precil mijet wohing ranti
Seneng mesti susah
Susah mesti seneng
Aja seneng nek duwe
Aja susah nek ra duwe
Senenge saklentheng
Susahe sarendheng
Susah jebule seneng
Seneng jebule susah
Ki Daruna Ni Daruni
Wes ya aku bali menyang giri
Kyai Petruk Ratu ning Merapi
lho Ratu kok jadi pak tani
Sekar Jayanti
Comments
Post a Comment